Jum’at Pahing tanggal 1 April 2022, aku sengaja shalat Jum’at ana ing Mesjid Pajimatan Imogiri. Mesjid iki kasebut Mesjid Kagungan Ndalem Pajimatan Imogiri, utawa Mesjid Sultan Agung Hanyakrakusuma. Dumunung ing Desa Pajimatan, Desa Wukirsari, Kecamatan Imogiri, Kabupaten Bantul. Adohe sawatara + 17 kilometer saka kutha Yogyakarta. Mesjid iki mapan ing sisih kiwa ngisor undhak-undhakan tumuju ing tlatah Pesareyan Raja-raja Imogiri, lan wis katetepake minangka cagar budaya.
Mesjid iki diupakara dening Kasunanan Surakarta lan Kasultanan Ngayogyakarta. Para pangurus masjid, kalebu khotib shalat Jum’at, ditetepake dening Sultan Ngayogyakarta kanthi idin saka Kasunanan Surakarta. Tembung Pajimatan asale saka tembung jimat. Pajimatan tegese papan kanggo nyimpen jimat utawa pusaka, dene Imogiri asale saka tembung “ima” utawa “hima” tegese awan lan “giri” tegese gunung. Dadi Pajimatan Imogiri iku “gunung mendhung sing kanggo nyimpen ajimat utawa pusaka Kasultanan Mataram”.
Karo ngenteni, aku ngobrol karo Pak Ambari, salah sijine punggawa mesjid. Pak Ambari ngendika yen abdi dalem mesjid sing ngurus Mesjid Pajimatan, cacahe ana 10. Enem abdi dalem saka Kasultanan Ngayogyakarta lan cacah papat saka Kasultanan Surakarta. Para abdi dalem masjid mau nampa SK utawa Kekancingan saka Kasultanan Ngayogyakarta lan saka Kasunanan Surakarta. Takmir Masjid yaiku Pak Aliman sing yuswane wis 70 taun, nanging isih katon sehat lan trengginas. Para abdi dalem sing jaga mesjid nganggo busana Jawa, uga muazin lan khatib.
Mesjid iki dibangun ing taun 1632, dening Sultan Agung (1593-1645). Sultan Agung Hanyakrakusuma yaiku Raja Mataram kang misuwur amarga wani nglurug Walanda ing markasé, ing Batavia. Pak Ambar ngendika, mesjid iki ora owah akeh wiwit dibangun. Katon yen keasliane mesjid iki wis dilestarekake, kaya wiwit wiwitan dibangun. Amarga saka kuwi, kok angel golek tulisan sing nyebutake jeneng mesjid.
Sing beda yaiku payon sing saiki awujud seng. Asline biyen iku payone sirap. Saiki payon seng sing dicet coklat iku, mung ditutupke ing ndhuwure sirap. Saka wujud fisik, bangunan Mesjid Pajimatan nduweni arsitektur tradisional Jawa kanthi atap limasan. Ora ana kubah ing ndhuwur. Ing latar ngarep mesjid ana jam ing ndhuwur tugu. Lan ing ndhuwure tugu ana makutha kraton sing ditulis PB X, lambang Pakubuwono X.
Ing plataran sakdurunge mlebu pendopo mesjid, kiwa tengene ana kolam 2 sing rada jero, nanging nalika aku tekan kono lan nginguk, banyune ora ana. Jarene kolam kuwi kanggo wudhu.
Aku mlebu masjid saka sisih tengen, panggonan kang kanggoi njupuk banyu wudhu. Mesjid sing ukurane 10 x 10 meter iku ketok prasaja. Bedhug gedhe diselehke ana ing sisih kiwa lawang mlebu mesjid. Bedug iku katon gedhe, yen dibandhingake karo ukurane mesjid sing cilik iki. Lan ana mimbar prasaja sing ana ing jejere mihrab. Miturut crita bedhug lan mimbar isih asli, wiwit jaman biyen. Ana pilar kayu jati papat sing ketok kuat, nyangga lan nyengkuyung payon masjid.
Nalika mlebu ing ruang utama mesjid, rasane kaya ana ing Mesjid Pathok Negoro Ploso Kuning sing ana ing Miromartani. Aurane krasa kuwat banget. Bedhug ditabuh ping telu, kanthi jeda udakara 5 menit, sadurunge khatib munggah mimbar. Aku lungguh ana ing ngarep mimbar. Mula kuwi aku weruh carane khatib khutbah nganggo basa Jawa, karo maca buku lawas. Intine khutbah: ayo padha nyiapake awake dhewe kanggo nindakake pasa. Ben puasane kasil lan diridhai Gusti Allah, awake dhewe kudu siap lahir lan batin.
Mesjid iki ana ing sisih ngisore undhak-undhakan munggah, menyang Pasareyan Imogiri. Tumrap kang arep ziarah ing Pasareyan Imogiri, kudu munggah undhak-undhakan kang miturut Pak Ambari cacahe 409. Nalika aku munggah, aku ngetung, lan gunggunge ana 408. Dadi kurang siji!
Pungkasaning atur, muga-muga kawula muda padha njaga lan nguri-uri warisan leluhur kang adiluhung iki. Sing tak gumuni, mesjid Pajimatan Imogiri iki isih ketok kuat lan pengkuh, sanajan umure wis meh 4 abad! Nalika aku mbayangake, kira-kira 4 abad kepungkur tlatah iki mesthi isih sepi, adoh saka ngendi-endi.

