Jawa
Home / Jawa / Rega Lenga Solar

Rega Lenga Solar

Ing sawetara minggu kepungkur, kita wis ndeleng warta ing televisi lan media sosial, yen lenga solar wis wiwit langka. Truk-truk pada ngantri dawa banget, pada antri arep tuku solar. Kabar kelangkaan lenga goreng isih durung suda. Saiki giliran solar sing sangsaya langka.

Salah sawijining faktor sing nyebabake munggahe rega lenga mentah, yaiku amarga konflik antarane Ukraina lan Rusia. Kiriman lenga mentah saka Rusia lan Kazakhstan kaganggu amarga ana karusakan Konsorsium Pipa Caspian. Iki nyebabake nyuda kiriman lenga mentah menyang Uni Eropa. Konflik kasebut nyurung rega lenga mentah Indonesia. Rega ing tanggal 24 Maret 2022 yaiku USD 114,55/barel, dene ing Desember 2021 mung USD 73,36/barel. Iki tegese regane mundhak luwih saka 56%.

Miturut Nicke Widyawati, Direktur Utama Pertamina, rega lenga mentah saiki US$ 119/barel, ngluwihi asumsi pamarentah ing APBN 2022 yaiku US$ 65/barel. Nicke ngandharake yen saiki rega solar bersubsidi Rp 5.150/liter, dene solar nonsubsidi (Dexlite) regane Rp 12.950/liter. Dadi ana subsidi Rp 7.800/liter. Dene ing APBN 2022, pamarentah netepake subsidi solar Rp 500/liter. Iki tegese Pertamina kudu menehi subsidi kang gedhe. Subsidine luwih akeh, tinimbang rega sing ditetepake pamarentah.
Bedane gedhe antarane antarane rega solar sing disubsidi, lan sing ora disubsidi iku nyebabake ana upaya ngalihake solar bersubsidi, menyang sektor industri. Kahanan kasebut iku mesthi wae nyebabake kekurangan solar bersubsidi, ing sawetara wilayah.

Amarga ana solar kang regane disubsidi, lan ana solar kang regane ora disubsidi. Lha yen ora waspada, kahanan iki bakal marahi solar digunakake kanthi ora trep. Ana wae uwong kang kudune nganggo BBM non-subsidi, banjur ngalih nggolek sing solar kang disubsidi, marga regane luwih murah. Kudu ana sing ngawasi bab iki. Contone bageyan industri, sing kudune ora kena nganggo solar bersubsidi, mbanjur golek solar subsidi. Merga rega solar subsidi luwih murah regane, batine dadi bisa luwih akeh.

Bab iki kudu diawasi lan dikontrol kanthi tegas. Mesthine ana cara utawa mekanisme, kanggo ngawasi solar subsidi lan sing ora disubsidi. Yen ora, utawa ora ketat pengawasane; ya wis lumrah nek mbajur ana kekurangan solar. Sanajan miturut Pertamina, pasokan solar subsidi iku, cacahe wis 10% luwih akeh saka target alokasine.

Sebab liyane kelangkaan solar, yaiku disebabake kabutuhan solar sing saya mundhak. Iki amarga Covid-19 alon-alon wis wiwit mudhun, lan muga-muga cepet ilang. Kahanan iki marahi akeh uwong padha metu saka ngomah, padha bungah, lan akeh sing pada lelungan. Ekonomi wiwit gumregah, sangsaya mundhak lan ngrembaka maneh. Transportasi alon-alon ya wis wiwit normal. Akeh uwong pada lelungan maneh. Montor mabur padha mabur maneh, sepur saya akeh sing padha numpak, bis-bis wiwit kebak isine, mobil-mobil pribadi padha ngebaki dalan. Saiki dalan-dalan wis wiwit macet maneh.

Para ibu mangga, kudu siyap-siyap. Ngadhepi dina Riyaya, kabeh rega barang wiwit padha munggah. Rega solar iku price leader (pandhegane reregan). Yen rega lenga solar mundhak, bakal marahi rega barang liyane uga melu. Regane uga padha wiwit mundhak. Conto sing gampang : merga rega lenga goreng mundhak, mesthi wae panganan sing digoreng ganggo lenga goreng, regane ya bakal padha mundhak. Semono uga solar. Bakal marahi ongkos distribusi barang, dadi mundhak. Lan rega barang sing digawa, dadi melu mundhak regane.

Pungkasaning atur, mangga siyap-siyap mangayubaya dina Riyaya. Muga-muga sadaya pinaringan rahajeng, sehat lan berkah saking Gusti Allah. Nuwun …

Piramida Sakkhara

Penulis

Heru Legowo

Editor

Indro Sutanto

Related Posts

Latest Posts

Populer

Membaca Menambah Wacana

Wajib Belajar dan Mencari Ilmu

Sehari di Washington DC

Share