Présidèn Vénézuéla Nicolas Maduro ngumumaké kahanan darurat nasional ing dina Setu, 3 Januari 2026. Keputusan iki sawisé ana dugaan agrési militér déning Amérika Serikat ing Caracas, lan sawetara wilayah liyané. Présidèn Vénézuéla mbanjur wis nyetujoni ngetrapaké kahanan darurat nasional.
Ora let suwé sawisé iku, Présidèn Donald Trump mratélakaké menawa Présidén Vénézuéla Nicolas Maduro lan garwané Cilia Flores wis dicekel lan digawa metu saka negara kasebut. Trump ngumumaké bab iki ing dina Setu 3 Januari 2026. Présidèn Amérika nyebutaké manawa Maduro, bakal ngadhepi tuduhan narkoba ing pengadilan New York. Operasi kasebut iku minangka wujud tekanan politik lan ukum sing wis suwé saka Washington marang Caracas.
Présidèn Trump ujar Amérika Serikat (AS) wis kasil nyerang Vénézuéla kanthi skala gedhé, sing dijenengi ”Absolute Resolve.” Présidèn Trump nyatakaké yèn serangan kasebut adhedhasar sawetara alesan, sing ana hubungané karo kepentingan keamanan AS.
Donald Trump nggawé alesan lan nyalahaké Maduro amarga ana éwu migran Vénézuéla menyang AS. Arus iki minangka bagéyan saka mèh wolung yuta wong Vénézuéla sing mlayu saka negarané, amarga krisis ekonomi lan penindasan politik.
Maduro nolak kabèh tuduhan, lan nyebutaké minangka alesan pulitik kanggo nggulingaké pamaréntahané. Dhéwéké percaya yèn AS alesan nggunakaké perang nglawan narkoba, kanggo mbeneraké intervènsi. Amérika duwé targèt lan pamrih marang cadangan lenga Vénézuéla. Sadurungé, miturut Maduro AS pingin owahowahan marang pamaréntahané,ana ing Vénézuéla.
Pamaréntah AS ménéhi justifikasi, kanggo mbeneraké polahé. Amerika nganggep Maduro dicekel minangka upaya kanggo ngetrapaké ukum Amérika, kanthi tuduhan narkotika-térorisme. Présiden Maduro dianggep nyalah-gunakaké jabatan, kanggo nggampangaké ékspor narkotika menyang AS.
Amarga Maduro ana ing njaba AS, penegak hukum Badan Penegakan Narkoba, ing Departemen Kehakiman, njaluk bantuan Sekretaris Perang kanggo meksa Maduro teka ing pengadilan New York.
Sawetara negara-negara rumangsa kabotan ing babagan agresi Amérika iku, amarga serangan kasebut minangka pelanggaran integritas téritorial lan kamardikan pulitik Vénézuéla. Para kritikus mratélakaké, sanajan pemerintah Vénézuéla kontroversial, nanging operasi militér eksternal tanpa wewenang PBB,
iku nglanggar norma internasional.
Negara-negara Amerika Latin ing sacedhaké Vénézuéla, ngelingaké yèn kekuwatan unilateral bisa ndadékaké tlatah dadi ora stabil. Lan bakal marahi konflik sing luwih ruwet. Ing mangsa ngarep, sawetara negara ngélingaké yèn aksi militér kuwi mbebayani. Amarga negara-negara sing luwih kuwat, bisa campur tangan marang negara-negara sing ringkih.
Dadi sak beneré iku, ana ing babagan sistem “petrodollar.” Iki njaga Amerika dadi kekuwatan ekonomi sing mirunggan sajroné 50 taun. Lan Venezuela nembé waé ngancam ora arep dodol lenga menyang AS, nanging menyang Tiongkok. Iki marahi Amerika nesu, mbanjur nyulik Maduro.
Pungkasaning atur, polahé AS iku wujud tumindak sombong lan adigang adigung adiguna. Amérika ora perduli. Rumangsa duwé hak nyerang lan nyulik Présidèn Vénézuéla. Yèn perkara mau ditindakaké déning negara liya, bakal dianggap dadi serangan téroris. Nanging, yèn serangan déning negara adikuasa dianggep lumrah, sanajan nganggo alasan sing digawé-gawé. Nanging yèn ditindakaké déning klompok liya, dianggep tumindak térorisme. Dadi Amerika bisa sak gelemé dhéwé, nyerang negara liya, malah nyulik présidèn lan garwané.

