You are what you think. Panjenengan menika kados menapa ingkang panjenengan galih. Sampeyan iku apa sing sampeyan pikirake! Allah paring kekuwatan pikiran, supaya manungsa mangerti sapa sejatine awake, lan bisa tumindak minangka khalifah Allah ing donya iki. Pamikire manungsa iku beda lan werna-werna. Manungsa nduweni kebisan kanggo mikir, diparingi nduweni rasa sing jero lan cetha. Bisa nggagas lan ngrembug bab sing adoh saka nalar biasa. Akeh ahli pikir sing pungkasane mbanjur dadi filsuf, amarga ana sinergi saka landheping pikiran lan resiking ati.
Nanging, ati-ati karo pikiran. Kabeh samubarang sing apik uga sing ala, asale saka pikiran. Yen oleh pepadhang saka Nur Illahi, pikiran bakal menehi manfaat sing migunani kanggo awake dhewe, kanggo urip lan kanggo wong liya. Kosok baline, yen diwiwiti dening hawa nepsu saka wisikan setan, bakal nuwuhake ala, malah bisa marahi karusakan sing nggegirisi. Akeh conto babagan iki, sing ndadekake rasa sing getun banget. Mula kudu ndonga sakdurunge mikir, supaya ora diampiri pikirane setan, sing kebak cidra.
Kala wis dadi wong tuwa, manungsa wiwit mikir kanthi temenan. Wiwit mangerteni apa wae sing durung dimangerteni. Banjur nggoleki sejatining diri. Lan marga saka pikiran sing jero, bisa ketemu marang kawruh anyar. Pikiran iku uga nduweni outlet, arupa ucapan, tumindak lan tulisan. Telung perkara iki minangka manifestasi saka pikiran. Produk pikiran sing nyata, yaiku tembung lan tumindak.
Ing jaman anyar kang kabeh serba klik iki, pikiran gampang banget dadi tulisan. Lan tulisan iku banjur kasebar liwat HP. Ati-ati karo pikiran. Pikiran sing ala bakal nyebabake ucapan, tumindak lan tulisan sing ala. Lan iku bisa nggawe samubarang dadi barang sing negatif lan ala.
Pikiran iku uga kaya banyu. Banyu tansah adhem, menehi tentrem lan ayem. Pikiran bisa mbebasake manungsa saka keterikatan. Lan bisa ngasilake barang sing migunani. Kalamangsane yen pikiran dikuwasani dening setan asile ora marahi adhem, malah njalari kemrungsung, repot, susah, lan nggawe perkara kang ala, nyebabake kisruh lan mungsuh.
Pikiran uga kaya tangki banyu. Yen banyu kang ana ing wadhah iku reged lan ora suci, banyu kang metu saka tangki uga melu reged lan kotor. Sadar utawa ora sadar, saka pikiran sing ala, bakal kewetu tembung lan tumindak sing ala! Tembung lan tumindak uga bakal reged. Lan iku bakal nggawe cilaka awake dhewe lan uga wong liya.
Banjur kepriye? Kudu telaten terus ngresiki tangki pikiran kanthi periodik! Golek “banyu resik” kanggo ngumbah tangki, digosok lan diresiki. Mbuwang rereged lan kerak sing nempel ing njerone. Kaya komputer “hard disk” kudu di-refresh. Mbusak file lawas sing wis ora dienggo maneh, amarga wis ora cocog karo kahanan saiki. Dibusak wae. Ben ora ngrendeti, marahi alon, lan komputere dadi luwih cepet.
“Banyu resik” kanggo reresik iku wujude maneka warna, saka Kitab Suci, Sunnah Nabi, nindakake piwelinge para ulama lan pituture para pini sepuh. Uga saka kayakine dhewe. Tansah usaha tumindak sing apik, positif. Lan ngedohi lan mbuwang tumindak ala sing negatif. Resik-resik pikiran kudu ditindakake kanthi ajeg.
Ing jaman modern iki, kemajuan teknologi nggawe apa sing dipikir bisa gampang diwujudake dadi tulisan. Banjur nganggo sarana HP, tulisan mau banjur di-share sak indenging jagad! Pikiran sing wis dadi tulisan iku, mbanjur nyebar liwat ing WAG, email, instagram, twitter lan media sosial liyane. Tulisan iku mau bisa migunani, nanging uga bisa dadi mudharat.
Tulisan sing sumbere saka pikiran sing ala, iri, drengki, bakal duwe pengaruh sapa wae sing maca tulisanmu. Lan wong kang ngirim ora bisa ngontrol efek kang ala utawa negatif, saka tulisan sing kasebar. Sanadyan wis dibusak, angger ana wong sing kena pengaruh lan tumindak negatif saka tulisan iku, sing nulis uga bakal nrima efek negatif. Kabeh efek sing apik lan ala bakal dibalekake marang sing nulis lan sing nyebarake tulisan iku mau. Dadi, ati-ati karo tulisan sing panjenengan sebarake.
Pungkasaning atur, mangga tansah ngatos-atos kaliyan pikiran. Apa sing ana ing pikiran, bakal dadi tembung lan ukara. Lan saka tetembungan iku, bakal dadi tumindak kita. Aja nganti kuciwa ing tembe mburi … Nuwun.

