Déning: Ki Pandan Alas
Profésor Jiang Xueqin iku sawijining pendidik, penulis, lan analis géopolitik keturunan Tionghoa-Kanada analisis sejarah lan prédhiksi géopolitik global. Dhéwèké lair ing Guangdong, Tiongkok, taun 1976 lan banjur gedhé ing Kanada. Ing taun 1999, lulus sarjana sastra saka Universitas Yalé.
Dhéwèké misuwur amarga saka YouTube “Predictive History” sing duwé 1,5 yuta pelanggan. Dhéwèké ngramalaké perkembangan sejarah lan géopolitik kanthi nganalisis pola sejarah, “Game Theory”, lan strategi kekuasaan.
Ing sasi Méi 2024, Prof. Jiang ngramalaké yèn Trump bakal bali manéh dadi présidhèn. Banjur, Amérika bakal perang karo Iran. Kaloro prédiksiné wis dadi nyata kaleksanan. Prédiksi kaping teluné yaiku Amérika bakal kalah perang, karo Iran.
Kok bisa Amérika kalah? Amarga Barat nggawé kesalahan gedhé. Amerika lan Israel nyerang Teheran lan matèni Ayatollah Ali Khameinei. Sawisé iku, mbanjur ngrayakaké. Nanging miturut Prof. Jiang, iki dudu pungkasan perang. Iki malah minangka wiwitané Perang Suci.
Lan perang suci kuwi, sing kebak kesyahidan, bakal ngowahi kabèh. Ing Islam Syiah, nalika ana pemimpin sing tiwas, iku ora ngrusak semangat rakyat. Malah, malah bakal dadi sawiji. Profesor Jiang ujar manawa Iran ora bakal nyerah sawisé serangan sing matèni pemimpiné. Nanging malah bakal perang nganti mati.
Selat Hormuz ambané mung 33 km. Selat Hormuz luwih cendhek tinimbang lomba maraton, nanging 20% minyak donya ngliwati selat iki, lan 84% menyang Asia. Manawa Iran nutup selat kasebut, rega minyak ing saindenging jagad bakal mundhak.
Profésor Jiang ujar manawa Dubai bakal mati dhisik. Iki amarga luwih saka 90% penduduk Dubai yaiku ekspatriat lan wong manca. Dhéwèké teka amarga keamanan lan dhuwit. Nalika keamanan ilang, wong-wong kuwi bakal ninggalaké Dubai. Lan ékonomi Dubai bakal ambruk sak wengi. Profésor Jiang ujar manawa iki minangka kutha sing paling rentan ing donya.
Lan kelemahané sing paling fatal ing Teluk yaiku banyu. Negara-negara Teluk oléh 90% pasokan banyu ngombé saka pabrik desalinasi, sing ngowahi banyu segara dadi banyu tawa. Iran wis nyerang lokasi desalinasi iki. Iki tegesé yèn ora ana banyu, ora ana sing bisa urip. Mulané, negara-negara paling sugih
ing donya kuwi, bakal ora bisa ditulungi.
Banjur, Prof. Jiang nerangaké kepiyé carané kok dolar bisa bakal ambruk. Yèn negara-negara Teluk ambruk, lenga bakal ora mili, bakal mandheg. Lan negara-negara bakal mandheg mbayar lenga nganggo dolar. Amarga saka kuwi, petrodollar bakal mati. Miturut Prof. Jiang, iki minangka ancaman sing durung
tau dirembug dening sapa waé.
Prediksi Prof. Jiang sing pungkasan, sing kaping telu durung kedadéyan. Dhéwèké nyebutaké menawa ana siji pihak, sing percaya yèn bakal tansah menang. Lan ora bisa kalah.
Iran nyerang nganggo atusan rudal menyang Israèl. Nalika mlebu ing Israèl, rudal-rudal kasebut dicegat déning rudal pertahanan udara. Lan atusan kasil dicegat, nanging puluhan liyané bisa lolos, lan ngenani targèt ing Israèl. Kutha Tèl Aviv remuk.
Ayo padha disimak apa prediksi sing katelu Profèsor Jiang iku bakal dadi nyata? Sawisé prediksi sing sepisanan lan kapindho, wis kepara nyata. Pungkasaning atur, wis bén waé padha gelut lan perang. Sing cetha, kita bisa tutug ngrampungi pasa Ramadhan. Alhamdulillah. Muga-muga sedaya ngibadah lan siyam kita, pinaringan ridha saking Gusti Allah Ingkang Kagungan Agesang. Kaparenga, ngaturaken:
Sugeng Riyadi 1447H.
Nyuwun gunging samodra pangaksami.
Mugi sadaya kalepatan linebura
ing dinten Riyadi punika.

