Jawa
Home / Jawa / Panyakrabawa

Panyakrabawa

Pasa Ramadhan lan Dina Riyaya nembe wae lingsir. Alhamdulillah kita wis padha lila lan ikhlas njaluk lan paring pangapura. Iku peparingé Gusti Allah sing apik banget. Kita bisa tumindak kanthi wicaksana, andhap asor lan legawa nalika njaluk ngapura. Ramadhan kang kebak hidayah saka Gusti Allah, kang paring ridha manungsa padha ngresiki awak, uga nduwe kalodhangan kanggo ngendhaleni lan nyingkiri tumindak ala, lan sing ora bener.

Muga-muga Gusti Allah maringi kasadharan linuwih, minangka kita tansah bisa nglakoni bab sing apik lan ngedohi sing ala, kareben urip kanthi luwih becik. Mangga kita ngupaya njaga kahanan sing wis apik iki, kanthi tansah tumindak becik sing dilambari dening pikiran positif.

Sering ana unen-unen, bab gelas sing isine setengah. Kanggo sing mikir positif, gelas kuwi isine wis meh kebak, mung kari setengah maneh. Nanging sing mikir negatif,  kandha yen gelas iku isih kosong, isine mung setengah.

Pikiran apik yaiku pikiran positif. Tansah nyoba ndeleng samubarang saka sisih apik, ora mung ndeleng saka sisih ala. Yen wis biasa ndeleng saka sisih ala, ora bakal bisa –utawa angel–, bisa ndeleng sing apik. Sak bisane kita kudu ndeleng samubarang saka sisih sing apik. Awit becik lan ala iku, peparinge Allah. Gusti Allah wis nemtokake kabeh ing pasang-pasangan (Qur’an 51:49); apik-ala, lanang-wadon, padhang-peteng, sugih-mlarat, ndhuwur-ngisor, lan sak panunggalane. Iku wis dadi sunatullah, kersaning Allah.

Dadi, ayo padha miwiti nyoba lan nggladi dadi wong kang duwe panyakrabawa apik. Aja mung ndeleng saka sisih ala. Yen mangkono, kabeh sing dirasakake dadi ala. Wong sing mikir negatif, mesthi mung ndeleng alane wong liya. Dheweke rumangsa lan nganggep awake dhewe luwih bener, luwih pinter, luwih bisa tinimbang wong sing disalahake. Mbok menawa marem, yen bisa nuduhake salah lan alane wong liya.

Nyatane, wong sing tansah mengkono kuwi biasane luwih ala, tinimbang wong sing diremehake. Pikiran negatif iki nggawe emosi lan nesu. Wong sing mung weruh alane liyan, kacamatane “minus”. Kabeh sing dideleng iku salah. Ora ana sing bener. Dheweke rumangsa bener, amarga mung nganggo asumsi lan pikirane dhewe wae.

Wiwit saiki, sakwise bakda Riyaya iki, mangga kita mikir kanthi panyakrabawa apik, kang ana telung perkara :

  1. Panyakrabawa apik marang Gusti Allah. Apa wae sing saka Gusti Allah kanggo manungsa, mesthi sing paling apik. Kabeh aturan sing saka Allah kanggo manungsa mesthi ana hikmahe sing gedhe. Mung wae, amarga cupete nalar lan pangrasane, manungsa ora bisa ngrasakake. Apa wae sing wis ditemtokake dening Allah iku mesthi sing paling apik. Mesthi ana hikmah saka peparinge Gusti Allah.
  2. Panyakrabawa apik marang wong liya. Al-Quran Surat Al-Hujurat (49) ayat 12: wong mukmin ora kena duwe prasangka ala marang wong liya, golek-golek kesalahane liyan lan ora kena goroh marang liyan. Satemene tumindak sing mangkono iku dosa. Gusti Allah paring ngibarat yen gosip kuwi kaya mangan daginge sedulur sing wis mati. Apa iki ora njijiki banget?
  3. Panyakrabawa apik marang wong liya, yen dheweke tumindak kanthi becik, nduweni niat apik, mbiyantu yen ana kesusahan. Yen ana masalah, wong liya mesthi nulungi, sanajan mung mbiyantu menehi solusi. Sanajan ing masyarakat mesthi ana wong sing tansah weruh alane wong liya. Kabeh sing dideleng salah. Ora ana sing bener! Sanadyan dheweke dhewe durung bisa ngrampungake apa sing dianggep salah lan ala. Tanpa nyoba ngerteni apa masalahe, dheweke rumangsa bener lan rumangsa bisa.

Panyakrabawa apik marang awake dhewe. Kita nduweni patrap sing apik marang kabisan dhewe. Duwe tumindhak kang percaya diri, optimistis lan duwe inisiatif, lan bisa mandiri. Nampa apa wae sing wis ditemtokake dening Gusti Allah. Sawisé iku, tansah ngedohi pikiran negatif, rumangsa ora bisa, aja nglokro apa maneh putus asa. Lan sing penting ikhlas nampa apa sing wis ditemtokake dening Gusti, sanajan durung ngerti.

Piramida Sakkhara

Ingkang pungkasan, mangga kita tansah mbudidaya panyakrabawa apik kanggo ngadhepi apa wae, sing lumaku ing saubenge kita. Muga-muga kanthi cara kuwi, kita dadi wong sing luwih wicaksana, nalika srawung lan bebrayan.

Ngaturaken Sugeng Riyadi 1447 H. Nyuwun gunging samodra pangaksami, saking sadaya kalepatan. Nuwun.

Penulis

Heru Legowo

Editor

Indro Sutanto

Related Posts

Latest Posts

Populer

Membaca Menambah Wacana

Wajib Belajar dan Mencari Ilmu

Sehari di Washington DC

Share